Rabu, 24 Agustus 2011

TANGGAPWARA

I.                    Mendengarkan
Kompetensi dasar   :
Mendengarkan sambutan yang disampaikan secara langsung atau rekaman
Indikator                 :
1.Menyebutkan pokok-pokok isi sambutan
2.Menyampaikan isi sambutan
3.Menanggapi isi sambutan
4.Menyusun isi sambutan

TULADHA PAMBAGYAHARJA WONTEN ING UPACARA LELAYU

Assalamu’alaikum wr.wb
Kasugengan, rahmat, saha berkahing Gusti Ingkang Maha Agung mugi tansah tumanduk kajiwa kasarira dhumateng kula lan penjenengan sekaliyan. Para pepundhen, para sesepuh saha pinisepuh ingkang dahat kinabekten, lan sagung para takziah kakung sumawana putri ingkang dahat kanurmatan. Kula ingkang kapiji minangka talang aturing basa panjenenganipun bapak Aminudin, minangka ahli warisipun Bapak Marta Dimeja, keparenga matur wonten ngarsanipun para rawuh sedaya. Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken tansah muji syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Murbeng Dumadi. Awit kita sedaya tansah pinaringan bagas kuwarasan, satemah saged ndherekaken lampahing upacara pangruktining layon swargi Bapak Marta Dimeja ing siang punika.
Bapak Aminudin sakulawarga ngaturaken sugeng rawuh saha agunging panuwun awit saking rawuh panjenengan sekaliyan, ugi boten kesupen matur nuwun sanget awit saking pambiyantunipun ingkang awujud bandha, tenaga, penggalih sarta panglipur dhumateng kulawarga swargi Bapak Marta Dimeja. Kulawarga ageng Bapak Aminudin boten saged caos piwales menapa-menapa, kejawi namung ndedonga, mugi-mugi amal kesaenan panjenengan sedaya pikantuk piwales ingkang matikel-tikel saking Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
Sagung takziah kakung sumawana putri ingkang minulya. Kala wingi dinten Senen Wage, surya kaping 6, wulan April, warsa 2009, tabuh 22.45, Bapak Marta Dimeja kapundhut kondur mring kasidan jati, wonten ing griya sakit Sardjito Ngayogyakarta. Kados punapa kulawarga anggenipun mbudidaya ngupados usada amrih Bapak Marta Dimeja pinaringan saras, ananging sarehning kersaning Gusti, kala wingi panjenenganipun Bapak Marta Dimeja kapundhut sowan wonten ngarsanipun dalem Allah SWT.
Menggah riwayat sugengipun swargi, kanthi cekak badhe kula aturaken dhumateng para pambela sungkawa sekaliyan. Almarhum Bapak Marta Dimeja miyos rikala surya kaping 21, wulan Februari, warsa 1929. Swargi nilar garwa 1, putra 5, putra mantu ugi 5, wayah 15, putu mantu 2, lan buyut ugi 2.
Riwayat makaryanipun swargi, sasampunipun paripurna ngangsu kawruh ing pawiyatan inggil Taman Siswa, lajeng ngayahi karya minangka dwija wonten salah satunggaling PGA ing Wates Kulonprogo. Awit saking pethelipun ngangsu kawruh, ing warsa 1978 swargi Bapak Marta Dimeja kasil dados pangarsaning pawiyatan SMA Negeri 3 Wates Kulonprogo. Sasampunipun pensiun, swargi taksih asring nguri-uri kabudayan Jawi, kadosta macapat, sesorah, lan karawitan.
Sagung takziah ingkang dahat kinurmatan. Kanthi yuswa 80 tahun punika, ing salebeting gesang swargi Bapak Marta Dimeja temtu nggadhahi kalepatan dhateng sesami. Pramila saking menika, kula amakili kulawarga ageng Bapak Aminudin nyuwunaken agunging sih samudra pangaksami dhateng pambela sungkawa sekaliyan. Awit saking paringipun pangapunten sanget kaaturaken gunging panuwun ingkang tanpa pepindhan.
Para takziah ingkang minulya, layonipun Bapak Merta Dimeja samangke badhe kapetak ing sasanalaya Ngepoh, Gotakan Panjatan Kulonprogo. Mbokbilih wonten longgaring wekdal, keparenga para takziah nglarapaken pisowanipun swargi dumugi papan palereman ingkang pungkasan. Ewadene wonten kaperluan sanes lan ngersakaken kondur, ahli waris naming ndherekaken sugeng kondur, mugi manggih rahayu dumugi ing dalem. Boten kesupen ahli waris ugi nyuwun pangapunten mbokbilih anggenipun nyawisaken papan palenggahan saha pasugatan kirang mranani ing panggalih sagung takziah.
Mekaten atur pambagyaharja saking kulawarga ingkang lumantar pribadi kawula, mbokbilih anggenipun kula matur kathah kalepatan ing tetembungan saha tindak-tanduk, kawula nyuwun agunging sih samudra pangaksama. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum wr.wb. 

I.                    Berbicara
Kompetensi dasar   : Menyampaikan sambutan dalam bentuk pambagyaharja
Indikator                 :
1.Menentukan tema acara sambutan
2.Menuliskan pokok-pokok isi sambutan
3.Menyusun kerangka sambutan
4.Menyampaikan isi sambutan dengan intonasi, lafal, dan  irama    yang tepat dan unggah-ungguh yang sesuai
  
Pidhato utawa ana sing nyebut sesorah tegese micara ing sangarepe wong akeh utawa umum, ana uga kang ngandharake yen pidato utawa sesorah yaiku medharake gagasan utawa panemu kanthi migunakake basa lisan ing ngarepe wong utawa pamireng akeh.

Dene tujuane phidato iku maneka warna, antarane menehi informasi, hiiburan, utawa ngajak-ngajak.

Miturut kahanane, pidhato keperang dadi 3 yaiku resmi, setengah resmi lan ora resmi.

Kagiyatan pidhato diwiwiti kanthi nemtokake urutan-urutan kaya ing ngisor iki.
a. Naliti prakara kanthi
1. Nemtokake arahan utawa tujuan pidhato kang bakal digayuh.
2. Naliti pamiarsa kayata lanang kabeh utawa wedhok kabeh, umure rata-rata piro, lsp.
3. Naliti kahanan kayata wayah esuk, awan utawa bengi, bisa uga lagi mangsa apa.
4. Milih lan mbatesi topik.

b. Nata pidhato kanthi
1. Nglumpukake bahan.
2. Nata utawa nggawe cengkorongan (rangkane pidhato).
3. Ngandarake kanthi cetha.

c. Gladhen kanthi migatekake
1. Intonasi utawa lagu swara
2. Sikap
3. Gaya basa
4. Wirama

Anggone pidhato bisa tumindak kanthi rancag lan apik, perlu dianakake kagiyatan pambuka, yaiku :
a. Nata pokok-pokok pikiran
b. Ngripta pokok-pokok pikiran dadi ukara pokok
c. Nggawe cengkorongan (rangkane pidhato)
d. Ngandharake pidhato kanthi migatekake cengkorongan kang wis ditata.



Bakune wedharaning pangandikan kudu urut runtut, cetha pilah - pilahipun, satemah isining wedharan saged jumbuh kaliyan ayahan ingkang lumampah. Babaring pangandikan, prayogi kapérang dados tigang (3) perkara :
• Purwaka, inggih punika atur pangandikan ingkang minangka pambuka. Ingkang kalebet ing pérangan purwaka antawisipun :

Salam pambuka / uluk salam.
Asung pakurmatan dhumateng para tamu.
Muji syukur wonten ngarsaning Gusti Ingkang Murbèng Dumadi.
Ngaturaken gatining ayahan.
Ngaturaken reroncèning adicara.
Tata laksitaning adicara kawaos saking pambuka ngantos dumugi panutup, lajeng para tamu kasuwun sekéca lenggah, angantu adicara saklajengipun.

• Isi utawi péranganing isi ingkang wigati, inggih punika wosing pangandikan. Ingkang kalebet pérangan wigati tumrap panata adicara kadosta ngaturaken saben – saben adicara, rikala ngaturaken saben adicara kedah cetha anggènipun ngaturaken adicara ingkang badhé lumampah, setunggal mbaka setunggal para paraga ingkang hanyengkuyung dipunaturi kanthi cetha.

• Wasana, inggih punika atur ingkang minangka panutup. Wondéné pérangan wasana, tumrap panata adicara antawisipun ;

Nyuwun pangapunten dhumateng sedaya kekirangan saha kalepatan anggènipun nindakaken jejibahan.
Ndhèrèkaken sugeng konduripun para tamu.
Ngaturaken adicara panutup kanthi salam panutup. 

Kegiyatan micara ing sangarepe wong akeh bisa kabagi dadi loro, yaiku :
a. Wong kang pidhato nalika rampung anggone menehi sesuluh marang pamiarsane, lan ora menehi kalodhangan kanggo takon utawa menehi tanggepan. Tuladhane kayata ceramah, wara-wara, lan khotbah.
b. Wong kang pidhato nalika rampung banjur menehi wektu marang pamiarsa kanggo menehi tanggepan. Tuladhane kayata diskusi lan rapat.
MAOS SELENGKAPIPUN - TANGGAPWARA
 
Copyright 2010 ♥ Designed by Rinda's Template ♥ Author by Your Name's Here :)