Kamis, 03 November 2011

GEGURITAN

GEGURITAN (Puisi Jawa Gagrag Anyar)

Geguritan
Gurita
Gerita
Gita (tegese lagu, syair, tembang)
Miturut kamus geguritan yaiku tembang uran-uran utawa karangan kang pinathok kaya tembang, ananging guru gatra, guru lagu lan guru wilangan mboten ajeg.

Miturut Subalidinata geguritan yaiku iketaning basa ingkang memper syair (syair Jawa gagrag anyar)
Paugeran (aturan) nyerat geguritan:
  1. Geguritan menika kalebet puisi Jawi bebas
  2. Tembung-tembungipun mboten kedah ngange basa Jawa Kuna, ananging pamilihing tembung ingkang menthes
  3. Anggenipun nyerat kedah awujud larik-larik
  4. Saben setunggal irah-irahan saged dumadi 1 pada/ larik, ingkang baku maknanipun manunggal
4 syarat menawi badhe damel geguritan:
  1. Tema
yaiku idhe baku utawi pikiran baku ingkang dados dasare geguritan
  1. Diksi
yaiku pamilihing tembung ingkang dienggo ing geguritan
  1. Sarana Retorika
yaiku alat kangge ngungkapake menapa ingkang badhe dipunandharaken ing geguritan
  1. Amanat utawi pesen ing geguritan
Titikane/Ciri-cirine Geguritan:
  1. Tembung-tembunge singkat
  2. Mentes
  3. Padhet
  4. Bisa nggunakake purwakanthi
  5. Ora nggunakake metrum/ paugeran kayadene macapat
Enem laku minangka tuntunan mekarake kreativitas:
  1. Nglatih tanggap sasmita
  2. Nangkep ilham
  3. Ngetokake tembung pisanan kang bisa nuntun tembung sateruse
  4. Ngolah tembung
  5. Menehi vitamin ing tembung-tembung mau
  6. Nyeleksi tembung
Caranipun damel Geguritan:
  1. Nemtokaken tema
  2. Milih irah-irahan ingkang sae
  3. Milih tembung ingkang sae lan mentes
  4. Antawisipun judul lan tema wonten sambungipun
  5. Saged migunakaken purwakanthi
Ingkang kedah dipungatosaken nalika maos geguritan:
  1. wicara   : basa, pocapan/ lafal
  2. Wirama : lagu/ irama
  3. Wirasa  : penjiwaan
  4. Wiraga : solah/ gerak, pasemon/ raut muka

Tuladha Geguritan;

LAKON
Dening : Sinar Indra K

Iki Lakon apa
Geneya akeh rupa maneka warna
Kesrakat rebut pangkat
Sirahe cilik nanging mripate cetha, nyawang bandha
Kupinge nyungu tan ngrungu
Cangkeme mblawah nglemah bengkah
Iki lakon apa
Geneya Bethari Durga mundhi gada
Aprajurit Janaka Yudhistita Rama Lesmana
Dinuta Rahwana Duryudana
Togog Bilung sakancane pinangka dhalange
Iki lakon apa
Pandhita ilang sabdane
Semar ilang sabare
Petruk mung nyekrukuk
Bagong mung plompang-plompong
Jare punakawan kuwi pamomonge para satriya?
Jare raja kuwi pangayome kawula?
Apa iya?
Iki lakon apa
Apa lakon tan pinemakemake?
Apapakem tan linakonake?
Bumi tuwa kang kebak ura-ura ngaruhara
Tan bisa sirna saka jaman dur angkara
Muspra
Bunderan UGM, 5 September 2006
(Antologi ”Suka Lelangen Edining Kasusastran/Slenk” Yogyakarta 2007)
MAOS SELENGKAPIPUN - GEGURITAN

PANGANAN JAWA


Keperluan:

250 gr glepung beras
1 iji endok pitik
115 gr gulo putih
250 ml santen encer
100 ml santen kentel
200 ml banyu anget2
½ sendok teh uyah
½ sendok teh vanille bubuk
½ sendok teh ragi instant/baking powder
Keju parutan / muisjes (chocolade hagel)

Nggawene:

* Glepung beras, uyah, ragi instant, vanille bubuk campur dadi siji.
* Gulo putih dicampur karo banyu anget2 mau, udek2 nganti ajur gulane.
* Glepung beras wis kecampur mau, di sok-i banyu gulo sitik mboko sitik, nganti adoan dadi lumer lan alus. Tambahno santen encer, udek-udek nganti roto.
* Panaske wajan cilik, olesi nganggo lengo goreng supoyo ora kelet.
* Banjr cemplungke adonan mau kiro2 sak sendok sayur banjur tutup sing rapet.
* Yen wis ½ mateng dibukak, lagi diwenehi 1 sendok makan santen kentel nduwure, banjur tutup maneh, let sedelo wuwuri nduwure serabi mau karo muisjes utowo keju parutan, tutup maneh sedelo, banjur diangkat. Susruk pinggire nganggo sotil cilik.
MAOS SELENGKAPIPUN - PANGANAN JAWA
 
Copyright 2010 ♥ Designed by Rinda's Template ♥ Author by Your Name's Here :)