Kamis, 03 November 2011

MACAPAT


Macapat iku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Macapat uga nular ana ing kabudayan Bali, Madura, lan Sundha. Yen sinawang saka kerata basa, macapat iku artine maca papat-papat. Macané pancèn rinakit saben patang wanda (suku kata). Tembang iki kira-kira lagi ana ing pungkasaning jaman Majapahit lan wiwitan Walisanga nyekel kuwasa. Nanging iku ya durung mesthi, amarga ora ana tulisan gathuk kang bisa mesthèkaké. Macapat akeh dienggo ing saperangan Sastra Jawa Tengahan lan Sastra Jawa Anyar. Yen disandhingake karo Kakawin, aturan-aturan ing macapat luwih gampang. Kitab-kitab jaman Mataram Anyar, kaya Wedhatama, Wulangreh, Serat Wirid Hidayat Jati, Kalatidha, lan liya-liyane dirakit nganggo tembang iki. Aturan-aturan iku ana ing:
v     Guru gatra            : wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia: bait).
v     Guru wilangan      : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
 Guru lagu             : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.
Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:

Maskumambang. Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
Gereng-gereng Gathotkaca sru anangis (12 i)
Sambaté mlas arsa (6 a)
Luhnya marawayan mili (8 i)
Gung tinamêng astanira (8 a)

2.     Mijil. Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita.
Mijil ing donya siniwi ratri (10 i)
Kabeh durung katon (6 o)
Amung anjali soca ing tembé (10 é)
Lelaku alon siniji-siji (10 i)
Nunggu mring wartaning (6 i)
Sesotya satuhu (6 u)

Sinom. Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
Ing pojok wetan sang surya (8 a)
Nyungging sinom dadi peni (8 i)
Kagubet embun rumeksa (8 a)
Dening Hyang Murbeng Dumadi (8 i)
Raga jiniret ati (7 i)
Seka perbawaning esuk (8 u)
Manuksma suluk angga (7 a)
Kang wang-sinawang mranani (8 i)
Tibane prana sarwa sulih prasaja (12 a)

Kinanthi. Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
Pitik tulak pitik tukung (8 u)
Tetulake Jabang bayi (8 i)
Ngedohaken cacing racak (8 a)
Sarap sawane sumingkir (8 i)
Si tulak manggung ing ngarso (8 o)

Asmarandana. Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
Aja turu soré kaki (8 i)
Ana Déwa nganglang jagad (8 a)
Nyangking bokor kencanané (8 é)
Isine donga tetulak (8 a)
Sandhang kelawan pangan (7 a)
Yaiku bagéyanipu(8 u)
wong welek sabar narima (8 a)

Gambuh. Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
Sekar gambuh ping catur (7 u)
Kang cinatur polah kang kalantur (10 u)
Tanpa tutur katula-tula katali (12 u)                   
Kadaluwarso katutur (8 u)
Katutuh pan dadi awo(8 o)

Dhandhanggula. Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
Yogyanira kang para prajurit (10 i)
lamun bisa sira anuladha (10 a)
duk ing uni caritan é (8 é)
andelira sang prabu (7 u)
Sasrabahu ing Maespati (9 i)
aran patih Suwanda (7 a)
lelabuhanipun (6 u)
kang ginelung tri prakara (8 a)
guna kaya purun ingkang den antepi (12 i)
nuhoni trah utama (7 a)

Durma. Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
Kae manungsa golek upa angkara (12 a)
Sesingidan mawuni  (7 i)
ngGawa bandha donya (6 a)
mBuwang rasa agama (7 a)
Nyingkiri sesanti ati (8 i)
Tan wedi dosa (5 a)
Tan eling bakal mati (7 i) 

Pangkur. Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
Sekar Pangkur kang winarna (8 a)                              
lelabuhan kang kanggo wong aurip (11 i)
ala lan becik puniku (8 u)
prayoga kawruhana  (7 a) 
adat waton puniku dipun kadulu (12 u)                            
miwa ingkang tatakrama (8 a)
den keesthi siyang ratri (8 i)

Megatruh. Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
sigra milir kang gèthèk sinangga bajul (12 u)                            
kawan dasa kang njagèni (8 i)  
ing ngarsa miwah ing pungkur (8 u)
tanapi ing kanan kéring (8 i)
kang gèthèk lampahnya alon (8 o) 
   
Pucung. Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.
Ngelmu iku kelakone kanthi laku (12 u)
Lekase lawan kas (6 a)
Tegese kas nyantosani (8 i)
setya budya pangekesing dur angkara (12 a)

0 komentar:

Posting Komentar