Kamis, 03 November 2011

SESORAH


TEGESIPUN SESORAH ;

Salebeting kawruh basa Jawa, ingkang dipunwastani sesorah inggih punika atur pangandikan wonten ngarsanipun tiyang kathah kanthi ancas lan tujuan ingkang gumathok. Sesorah menawi wonten basa Indonesia asring winastan pidato.

Sesorah punika maneka warni wujud lan jenisipun, gumantung kaliyan ancas utawi tujuan ingkang badhé kaandharaken salebeting sesorah kalawau. Wondéné
jinising sesorah kados ingkang kapacak ngandhap punika ;

SESORAH (ATUR PAMBAGYA HARJA)
Atur pambagyaharja, sesorah jinis punika nggadhahi ancas lan isi minangka sarana nyambut rawuhipun para tamu lan ugi minangka sarana ngaturaken sugeng rawuh, adatipun ingkang caos atur pambagyaharja punika saking salah satunggaling sulih atur saking kulawarga ingkang saweg kagungan kersa / hajat.

Tuladha :
Nuwun,
Wonten ngarsanipun para pepundhèn, para sesepuh pinisepuh ingkang pana ing pamawas, lebda ing pitutur ingkang tansah sinanding, mbabar tuwin medhar surasaning kitab suci kalaming ilahi, saha ingkang tansah marsudi mangastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang dhahat kinabektèn, para winasis miwah sagung para pangembating praja ingkang pantes tinulad sinudarsana minangka songsong agunging para kawula dasih, para kadang tumaruna, para kadang manggalaning karya ingkang cinaketing manah tinangsul talining kekadangan tuwin sanggyaning para lenggah kakungsumawana putri ingkang sinugata sagunging pakurmatan. Rèhning kula lan panjenengan punika hamung boboting titah sawantah ingkang taksih kapurbakawisésa déning Gusti Ingkang Maha Agung, pramila sumangga langkung rumiyin kula dhèrèkakensami munjuk raos syukur wonten ngarsa Dalem Gusti Allah ingkang sampun kepareng paring karohkmatan, kabagaswarasan dhumateng kula lan panjenengan waradin dhateng kulawarga.
Para Rawuh,Kula ing ngriki ngadeg nglenggana cumanthaka lumarab atur mundhi dhawuhipun kadang manggalaning karya pèngetan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 65, minangkani bilih kula kapurih mijilaken raosing gati para kadang, saèstu para kadang ngaturaken gunging panuwun awit saking rawuh para tamu, ingkang sampun kanthi lila legawaning penggalih kersa hangrawuhi pèngetan dinten punika, nanging kuciwaning manah para kadang boten saged caos papan palenggahan punapadéné pasugatan ingkang murwat, mila saking punika kula ugi nyuwunaken samudra pangaksami.
Para Lenggah kakung saha putri, kados cekap semanten atur saking kula, bokbilih wonten bléroning wirama, tithaling wicara, punapadéné tumindak ingkang keladuk kirang nujuprana, saged kula hamung nyadhong ruméntahing samudra sih pangaksami, ing wasana jaya – jaya wijayanti, suradira jayaningrat lebur déning pangastuti, mugiya rahayu ingkang samya pinanggih.
Nuwun.

SESORAH (TANGGAP WACANA)
Tanggap wacana, utawi tanggap sabda, sesorah jinis punika nggadhahi ancas lan isiminangka nanggapi atur pambagyaharja. Adatipun ingkang paring tanggap wacana saking salah satunggaling sulih atur saking para tamu, utawi nayaka praja (Rt, Lurah, Camat,Bupati, lsp)

Tuladha :
(salam pambuka kajumbuhaken kaliyan kawontenan) 
Nuwun,
Wonten ngarsanipun para pepundhèn, para sesepuh pinisepuh ingkang pana ing pamawas, lebda ing pitutur ingkang tansah sinanding, mbabar tuwin medhar surasaning kitab suci kalaming ilahi, sahaingkang tansah marsudi mangastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang dhahat kinabektèn, para winasis miwah sagung para pangembating praja ingkang pantes tinulad sinudarsana minangka songsong agunging para kawula dasih, para kadang tumaruna, para kadang manggalaning karyaingkang cinaketing manah tinangsul talining kekadangan tuwin sanggyaning para lenggah kakung sumawana putri ingkang sinugata sagunging pakurmatan. Rèhning kula lan panjenengan punika hamung boboting titah sawantah ingkang taksih kapurbakawisésa déning Gusti Ingkang Maha Agung, pramila sumangga langkung rumiyin kula dhèrèkakensami munjuk raos syukur wonten ngarsa Dalem Gusti Allah ingkang sampun kepareng paring karohkmatan, kabagaswarasan dhumateng kula lan panjenengan waradin dhateng kulawarga.
Para Rawuh, kula ing ngriki ngadeg nglenggana cumanthaka lumarab atur wonten ngarsa panjenengan para tamu samudayanipun, saèstu mongkog raosing manah, nyumurupi kridhaning para wiranèm ingkang taksih kagungan raos tresna dhumateng nagrinipun, kacihna wonten kalodhangan wekdal ing mirunggan punika saged ngawontenaken dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 62, kanthiswasana ingkang regeng. Kula ugi ngaturaken gunging panuwun awit saking kersa panjenengan para tamu hangrawuhi adicara punika, mugia lumantar adicara dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 65, kula panjenengan sageda tansah tresna lan tansah ngupadi murih prayoginipun kawontenan nagri awakipun piyambak punika saged gemah ripah loh jinawi karta tata tentrem tuwinraharja. Amien.
Para lenggah kakung saha putri, kados cekap semanten atur saking kula, bokbilih wonten bléroning wirama, kithaling wicara, punapadéné tumindak ingkang keladuk kirang nujuprana, saged kula hamung nyadhong rumentahing samudra sih pangaksami, ing wasana jaya – jaya wijayanti, suradira jayaningrat lebur déning pangastuti, mugiya rahayu ingkang samya pinanggih.
Nuwun.


SESORAH (MEDHAR SABDA / WURSITAWARA)
Medhar sabda, utawi ugi winastan ular – ular, wasita luhur, wursitawara, sesorah jenis punika nggadhahi ancas lan isi bab wedharing pitutur jati utawi naséhat. Adatipun ingkang dipunsuwuni pangandikanipun para sesepuh ingkang sampun lebda ing pitutur, punapadéné para alim ulama.

Tuladha ;
(salam pambuka kajumbuhaken kaliyan kawontenan)
Nuwun,
Wonten ngarsanipun para pepundhèn, para sesepuh pinisepuh ingkang pana ing pamawas, lebda ing pitutur ingkang tansah sinanding, mbabar tuwin medhar surasaning kitab suci kalaming ilahi, saha ingkang tansah marsudi mangastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang dhahat kinabektèn, para winasis miwah sagung para pangemban pangembating praja ingkang pantes tinuladsinudarsana minangka songsong agunging para kawula dasih, para kadhang tumaruna ingkang cinaketing manah tinangsul talining kekadhangan lan sanggya para rawuh kakung miwah putri ingkang sinugata sagunging pakurmatan. Rèhning kula lan panjenengan punika hamung titah sawantah ingkang taksih kapurba kawisésa déning Gusti ingkang Maha Agung, pramila sumangga langkung rumiyin kula dhèrèkaken samingaturaken puja puji Syukur wonten ngarsa dalem Gusti Allah ingkang sampun kepareng paring karokhmatan, kabagaswarasan dhumateng kula lan panjenengan waradin dhateng kulawarga.
Para rawuh, jumbuh kaliyan hamèngeti dinten ambal warsa Kamardhikan Republik Indonesia, wonten rikalenggahan punika ingkang sampun ndungkap kaping 65 warsa, kula badhé ngaturaken sesorah ingkang wonten gegayutanipun kaliyan dinten kamardhikan.Para Rawuh, Ir.Soekarno dalah Muhammad Hatta punika piyayi ngaluhur ingkang kontap asmanipunmangambar arum sasat ngebaki jagad, ingkang mangambar sanès raja brananipun sanès trahingkusuma rembesing madunipun. Ananging mangambar arum asmanipun awit panjenenganipun kekalih minangka  ingkang  hanglantaraken kawula sakindenging Nusantara owal saking  jaman  penjajahan. Kasunyatan ingkang mangambar arum punika inggih gènya ageng lelabetanipun dhumateng bangsa lan nagari. Para rawuh, mirunggan para kadhang tumaruna ingkang cinaketing manah. Sumangga kula aturi menggalih ingkang langkung prayogi, salebeting ambal warsa ingkang sampun ndungkap 65 warsa punika, mliginipun tumrap para kadhang taruna. Jer panjenengan minangka ingkang piniji badhé gumantos ngrenggani nagari saking asthanipun para sepuh ingkang sampun ndungkap ing yuswa. Ing purwa kalawau sampun kula pratélakaken, bilih wontenipun dinten pèngetan ambal warsa punika, awit saking labuh labetipun para sesepuh ingkang sampun kanthi rilaning penggalih, dados bebantening payudhan murih saged mahanani nagari Indonesia ingkangmardhika, boten kapétang malih kathahing nyawa minangka pitumbasan kawontenan ingkang sakpunika kula lan panjenengan raosaken sami. Para rawuh ingkang sinugata sagunging pakurmatan jumbuh kaliyan kawontenan mekaten, pramila sumangga sesarengan awakipun piyambak wiwit ndhèrèk menggalih lan caos pamrayogi, kados pundi prayoginipun nagari punika saged loh jinawikang sarwa tinandur, gemah ripah kang sarwa tinumbas, karta tentrem sarta raharja sumrambah para kawula dasih sadhengah papan ing tlatah Indonesia, kinanthi saiyeg saéka praya manunggaling para kawula kalawan para pangemban pangembat dalah para manggalaning nagari, hamemangun karya, hamemayu hayuning bawana, satemah mahanani Indonesia ingkang raharja.
Para rawuh, kados cekap semanten atur saking kula, bilih wonten bléroning wirama, kithaling wicara, lan kirangtrapsila menggahing subasita punapadéné wonten samukawis ingkang kirang nujuprana penggalih para rawuh, saèstu kula hamung saged nyuwun gunging samudra sih pangaksami. Ing wasana sumangga asesanti jaya jaya wijayanti, suradira jayaningrat lebur déning pangastuti, mugiya rahayu ingkang samya pinanggih.
Nuwun.

Ing ngandhap punika satlereman bab ingkang magepokan kaliyan cengkoronganipun sesorah antawisipun ;
1. Cengkorongan tumraping atur pambagya harja ;
a. Pambuka, ngaturaken salam manut kapitayan sarta swasananing para tamu ingkang rawuh wonten ngriku. Tuladha salam pambuka ingkang saged dipunginakaken;
Assalamualaikum Warahmatullahiwabarakatuh (tumraping ingkang ngrasuk Islam) Om Swastyastu (tumraping  ingkang ngrasuk Hindu) Ngaturaken pambagya wilujeng ....(tumrap agami sanèsipun) Bapak-bapak.... ingkang kinurmatan, Bapa saha ibu .... ingkang kinabektèn. Para rawuh kakung saha putri ingkang satuhu luhuring budi, Sugeng siang (dalu, énjing, sonten) Lan sakpanunggalanipun.
b. Purwaka, ngajak munjuk panuwun ngarsa Gusti Ingkang Akarya Jagadingkang sampun kepareng paring kasarasan, kawilujengan, karahayon, lsp.
c. Wedharan, dipunandaraken kanthi urut lan nganggé basa ingkang gampiltinampi.Saripatinipun wedharan (dudutan), dipunandharaken kanthi cekak aos.
• Ngaturaken sugeng rawuhipun para tamu.
• Ngaturaken gunging panuwun awit saking kersa rawuhipun paratamu.
• Nyuwunaken pangaksama tumraping kawontenan punapa déné  papan tuwin pasugatan ing cumawis.

d. Panutup, atur panuwun marang tamu, salam panutup lan ngaturakensugeng lenggah, dhahar, ngunjuk, lan sapanunggalanipun.

2. Cengkorongan tumraping tanggap sabda ;
a. Pambuka, ngaturaken salam manut kapitayan sarta swasananing para tamu ingkang rawuh wonten ngriku. Tuladha salam pambuka ingkang saged dipunginakaken;
Assalamualaikum Warahmatullahiwabarakatuh (tumraping ingkang ngrasuk Islam) Om Swastyastu (tumraping  ingkang ngrasuk Hindu) Ngaturaken pambagya wilujeng ....(tumrap agami sanèsipun) Bapak-bapak.... ingkang kinurmatan, Bapa saha ibu .... ingkang kinabektèn. Para rawuh kakung saha putri ingkang satuhu luhuring budi, Sugeng siang (dalu, énjing, sonten) Lan sakpanunggalanipun.
b. Purwaka, ngajak munjuk panuwun ngarsa Gusti Ingkang Akarya Jagadingkang sampun kepareng paring kasarasan, kawilujengan, karahayon, lsp.
c. Wedharan, dipunandaraken kanthi urut lan nganggé basa ingkang gampiltinampi.Saripatinipun wedharan (dudutan), dipunandharaken kanthi cekak aos.
• Ngaturaken sugeng rawuhipun para tamu.
• Ngaturaken gunging panuwun awit saking kersa rawuhipun paratamu.
• Nyuwunaken pangaksama tumraping kawontenan punapa déné papan tuwin pasugatan ing cumawis.
• Hananggapi punapa ingkang dados aturipun pambagyaharja
d. Panutup, atur panuwun marang tamu, salam panutup lan ngaturake sugeng lenggah, dhahar, ngunjuk, lan sapanunggalanipun.

3. Cengkorongan tumraping atur wursitawara;
a. Pambuka, ngaturaken salam manut kapitayan sarta swasananing para tamu ingkang rawuh wonten ngriku. Tuladha salam pambuka ingkang saged dipunginakaken;
Assalamualaikum Warahmatullahiwabarakatuh (tumraping ingkang ngrasuk Islam) Om Swastyastu (tumraping  ingkang ngrasuk Hindu) Ngaturaken pambagya wilujeng ....(tumrap agami sanèsipun) Bapak-bapak.... ingkang kinurmatan, Bapa saha ibu .... ingkang kinabektèn. Para rawuh kakung saha putri ingkang satuhu luhuring budi, Sugeng siang (dalu, énjing, sonten) Lan sakpanunggalanipun.
b. Purwaka, ngajak munjuk panuwun ngarsa Gusti Ingkang Akarya Jagadingkang sampun kepareng paring kasarasan, kawilujengan, karahayon, lsp.
c. Wedharan, dipunandaraken kanthi urut lan nganggé basa ingkang gampil tinampi.Saripatinipun wedharan (dudutan), dipunandharaken kanthi cekak aos.
• Ngaturaken sugeng rawuhipun para tamu.
• Ngaturaken isi punapa déné ancas wontenipun adicara ingkang saweglumampah.
d. Panutup, atur panuwun marang tamu, salam panutup lan ngaturake sugengkondur, lan sapanunggalanipun













0 komentar:

Posting Komentar