TULADHA GEGURITAN ;
NGADEG JEJEG AJA KANDHEG
"Mangu Aja Maju"Dening L.Yuyun Dian S.
Bacutna lakumu
Aja benget noleh mengo nengen apa maneh ngiwa
Aja banget anggone tumungkul saya maneh ndhangak
Jejegna lakumu
Penerna niatmu
Aja koregeti rasa jirihmu
Mangu Aja Maju
Mecaki dalan dawa tumuju mulya
Pancen ora kaya ngedhepke netra
Butuh ngubengke pikir
Butuh kumlawene lembar sasuwir
“Jer basuki mawa bea”
Kabeh bakal tutug
Kabeh bisa dirembug
Lakonana kanthi lila
Brongkalan sela lan lumebering bena
Bisa gawe antebing paran urip
Mlumpata kanthi teteg atimu
Kelekna ing iline banyu rasa cilik atimu
Uncalna adoh karep mangu-mangu kang ora prelu
Delengen…
Pangangenmu sajak ngawe-awe
Kekarepanmu ngatonke eseme
Kadya arep nunggu lakumu satekane
Gocekana kenceng krentegmu
Ambrukna kabeh pepalang sangarepmu
Siji kang kudu tinandur
Jujur ing atur
Aja anggak yen bakale bisa lungguh dhuwur
Elinga marang Maha Luhur
Mesthi tumekaning makmur
Juni 2011
Dudu Gapura
Dening L.Yuyun Dian S.Wis aja dibacutake
Ati lir kairis
Pungkasane miris
Rasa cuthel, mangkel bisane mung grundel
Aq arep merem, kareben lerem, banjur adhem
Aja
Aja dibacutake
wis
Wis ra kuwawa
ati cuwa
Upama bisa
Mung wektu kang ana
Bakal bisa medhar rasa
Rasa kang ora sembrana
Aja mung digawe lara
Aq dudu gapura
Ngadheg nggejegreg tanpa nyawa
Muga-muga
Wis aja dibacutake
Ra kuwawa
Ati lara
Semarang, April 2011
Mlaku Apa Anane
Dening Y. Rini T PuspoMlakua apa anane
tanpa tembung tanpa ukara
ujare pujangga: landhepe tembung
ngluwihi landhepe pedhang pitung panyukur
ukara iku
peprenesan kang karakit kanthi pulasan warna-warna
ngalembana golek ati
ngundamana nglarani
utawa malah dadi wisa kang ampuhe ngluwihi
wisane ula sawa
mlakua apa anane
tanpa tembung tanpa ukara
kareben uwal saka luput awit kurang empan papan
meneng!
jroning meneng tuwuh eninging rasa jatining sedya
wis ta, mlakua apa anane
tanpa tembung tanpa ukara
saupama kudu nywaea
elinga sesanti iki
lair iku utusaning batin
Musium Sepur Ambarawa
Karipta deningSugeng Wiyadi
swara sempritan thethulitan ing kadohan
sepur tuwa lumaku bebanjengan
nepusi dawaning ril napak tilas sejarah
Tinggalane penjajah
Ing musium iki
dakniyati ngeningake cipta
tumrap kusuma bangsa kang wis sumare
ambarawa nate dadi palagan gedhe
gerilyawan lan para pejuang
piyandel granggang lan sanjata saanane
gumrudug maju kalane udan mimis
ganda mesiu
getih abang malera
raga-raga gumlethak tanpa wilanga
ndhepani bumi pertiwi
tumbaling kamardikan
ing musium iki
sikilku konjem mring bumi
dhadha mbeseseg, jagad rinasa horeg
ing musium iki
geneya sliramu sajak ora preduli?
anggonmu lelendhotan saya nyumelangi
ngisik-ngisik bangkekan
nggunah panasing ati
adhuh, Gustiiii
KEBAK ATI
Karipta dening L.Yuyun D.S
Aja keblinger tumindak ora pener ngengser pauger
Dlamakanmu selehna ing tengahing bebener
Tanganmu bandanen
Lerena anggone ngudheg-udheg rasa ngudhal-udhal cidra
Basa ngandhut wisa pungkasane dadi murka liya
Papa
Geneya…
Bagaskara mesem sumilak hangajak
Gawe driya adhem ora kudu nyuwara seru mundhak saru
Dielus-elus nganggo tembung lirih
Dilela-lela salumrahe mesthi krasa
Dheweke dudu maesa tanpa karsa lan wignya
Uler kacekel gatel nguleng
Sikil kajawil rai abang muntab juwing
Eling…
Candra sumunar pancen wayah wengi
Nanging cahyane parak sumilak
Kali sisih kulon ora mesthi kebak banyu
Bisa gumlonthang sabubare
Asat
Delehna siung kang nggegirisi
Kabeh ana mangsane
Titiwancine
Bakal ora tedhas watu sagunung
Bakal ora mempan ampak-ampak sinawang
Luwih-luwih
Ora bisa selak prakara cilik satengu
Kebakana ati limang prakara
Mukti….
Semarang, 16 Februari 2009
Aja keblinger tumindak ora pener ngengser pauger
Dlamakanmu selehna ing tengahing bebener
Tanganmu bandanen
Lerena anggone ngudheg-udheg rasa ngudhal-udhal cidra
Basa ngandhut wisa pungkasane dadi murka liya
Papa
Geneya…
Bagaskara mesem sumilak hangajak
Gawe driya adhem ora kudu nyuwara seru mundhak saru
Dielus-elus nganggo tembung lirih
Dilela-lela salumrahe mesthi krasa
Dheweke dudu maesa tanpa karsa lan wignya
Uler kacekel gatel nguleng
Sikil kajawil rai abang muntab juwing
Eling…
Candra sumunar pancen wayah wengi
Nanging cahyane parak sumilak
Kali sisih kulon ora mesthi kebak banyu
Bisa gumlonthang sabubare
Asat
Delehna siung kang nggegirisi
Kabeh ana mangsane
Titiwancine
Bakal ora tedhas watu sagunung
Bakal ora mempan ampak-ampak sinawang
Luwih-luwih
Ora bisa selak prakara cilik satengu
Kebakana ati limang prakara
Mukti….
Semarang, 16 Februari 2009
JEJERE MANUNGSA
Karipta dening L. Yuyun D.S
Ngerti…
Dudu karep
Laku kandheg
Kuciwa, karep kandheg
Rasa kagawa lunga tan bisa sirna
Dudu karep
Esemu kanthil ing pojoking ati
Lir tlutuh tumumplek memplak
Kari ngreridu ati
Ati kari juwing-juwing pungkasane mekingkring
Kabeh mau ra grahita
Teka ora diceluk
Lunga sapa nyana
Kleru…
Rasa kang kleru
Katinggal mlayu sansaya ngluru
Apa kang ana pancen kleru
Saumpama pethuk paribasan remuk
Sapa kang daktutuh
Lakumu mengetan
Dalanku mengulon
Tangeh kapethuk
Rasa iki nggubet tan bisa uwal
Ancik-ancik pucuking eri
Aku maju gawe tatu awakku
Aku mlayu katerak lindhu
Aku mandheg kalindhes watu kajugrugan Semeru
Rasa apa iki
Cupet nalarku
Cubluk angenku
Cupet, cubluk candhakku
Aku ora bisa nyekel
Kamangka ana ing tlapukan
Aku mung jejere manungsa
Kabeh adoh saka kuwawa
Manawa kabeh bisa diputer
Aku njaluk tekamu ora liya
Ora ana kabut peteng dadi pepalang
Padang pranyata peteng dadi pepalang
Aku bakal nyuwun marang Akarya Jagad
Aku manungsa kuwawa
Kang pantes njaluk sacuwil atimu
Kabeh dak pendhem jero
Jero selaning kalbu
Bakal ilang bebarengan jalma merem ing Pangku
Aja dadi atimu.
Geguritan Adhi Lanang
Dening L.Y.Dian S.
Biyen…
Nalika kuna pekecu
Pancen kuwi kleru
Duwe rasa gawe kuciwa wong sadonya
Isin menawa keeling
Ati krasa kajuwing- juwing
Pangawemu dadi krenteging ati
Biyen…
Bebasan urip lir lampu senthir
Disebul
Mati angel murup tibane
Pedhut
Biyen…
Tresna kapantha-pantha
Siji iki
Esuke dudu
Klaras kobong panas mbiset kulit dhadha krasa semromong
Tanpa daya gegandhulaning ati
Mlayu marak tanjung mas kang peni
Biyen…
Mung tangis kang miris
Mung lara kang jero
Rasane urip mung kari sakler
Kalindhes ambles
Cures
Tresna kuwi kleru
Saiki…
Alon-alon tatuning ati kapupuk tamba
Ora ana liya kajaba
Eseme thole nglalekake sekabehe
Aku duwe urip dhewe
Atiku kanggo dheweke
Thole bagus lintang sumunar ngrembaka salira
Saben ilining ambegan mung thole anak lanang
Panjalukku biyen… biyen…
Saiki lumaku ing dalane
Dongaku kabeh apik
Memitran dadi kadang
Aja kolali lupute ngimpi
Aja kobuwang sarehne gumlewang
Dadi sedulur sinarawedi
Mukti uni
Aja Koterusake
dening
Semarang, 12 Maret 2009
Biyen…
Nalika kuna pekecu
Pancen kuwi kleru
Duwe rasa gawe kuciwa wong sadonya
Isin menawa keeling
Ati krasa kajuwing- juwing
Pangawemu dadi krenteging ati
Biyen…
Bebasan urip lir lampu senthir
Disebul
Mati angel murup tibane
Pedhut
Biyen…
Tresna kapantha-pantha
Siji iki
Esuke dudu
Klaras kobong panas mbiset kulit dhadha krasa semromong
Tanpa daya gegandhulaning ati
Mlayu marak tanjung mas kang peni
Biyen…
Mung tangis kang miris
Mung lara kang jero
Rasane urip mung kari sakler
Kalindhes ambles
Cures
Tresna kuwi kleru
Saiki…
Alon-alon tatuning ati kapupuk tamba
Ora ana liya kajaba
Eseme thole nglalekake sekabehe
Aku duwe urip dhewe
Atiku kanggo dheweke
Thole bagus lintang sumunar ngrembaka salira
Saben ilining ambegan mung thole anak lanang
Panjalukku biyen… biyen…
Saiki lumaku ing dalane
Dongaku kabeh apik
Memitran dadi kadang
Aja kolali lupute ngimpi
Aja kobuwang sarehne gumlewang
Dadi sedulur sinarawedi
Mukti uni
Aja Koterusake
dening
Semarang, 12 Maret 2009
Ora Ana sing Ngawe
Kaningaya temen urip ikiBebasan duwe nyawa saka tetesing rendheng mangsa
Laku kandheg
Ati judheg
Pikir bumpet
Iki piye….
Urip nistha ing tlatah dhewe
Klambi rojah-rajeh siji kari
Apa ngene iki kang dikarepake
Mangan sega wadang liwetan biyen kae
Esuke sega jagung larang regane
Ngeleg banyu udan kandheg ing telak
Urip kadharang-dharang
Ora ana sanak, kadang kang kelingan menehi sandhang pangan
Kabeh mung kelingan wetenge dhewe
Kabeh mung kelingan ngebaiki luwengane dhewe
Kabeh lali bareng kepenak
Kabeh pontang-panting rebutan kursi endah lan empuk dhuwur kae
Aku kasimpir, rojah-rajeh ora ana sing ngawe
Kaangen-angen njur kaimpi-impi
Buyut nate cariyos
Carang kayu bisa dadi emas
Pacul tumancep bumbung pari mbanyu mili tanpa kendhat
Panen bungah, paceklik adoh tur kapangan bathara
Nanging kuwi biyen
Saiki….
Aku kasimpir, rojah-rajeh ora ana sing ngawe
Semarang, 16 Februari 2009
Urip
BasukiBingahipun manah kekalih
Awit dinten punika
Bagaskara sulistya lingsem
Sasandra trustha kesengsem
Jumedhul sayoga hanyengkuyung
Anggenipun kekalih sinanding
Duh bapa ibu….
Nyuwun pangestu
Duh mitra….
Lubering pandongamu
Duh gusti akarya jagad….
Nyuwun agunging erwana asih
Mugi-mugiya
Basuki sinarengan selawase tumekane pati
Semarang, 17 April 2006
MACAPAT ;
Macapat iku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Macapat uga nular ana ing kabudayan Bali, Madura, lan Sundha. Yen sinawang saka kerata basa, macapat iku artine maca papat-papat. Macané pancèn rinakit saben patang wanda (suku kata). Tembang iki kira-kira lagi ana ing pungkasaning jaman Majapahit lan wiwitan Walisanga nyekel kuwasa. Nanging iku ya durung mesthi, amarga ora ana tulisan gathuk kang bisa mesthèkaké. Macapat akeh dienggo ing saperangan Sastra Jawa Tengahan lan Sastra Jawa Anyar. Yen disandhingake karo Kakawin, aturan-aturan ing macapat luwih gampang. Kitab-kitab jaman Mataram Anyar, kaya Wedhatama, Wulangreh, Serat Wirid Hidayat Jati, Kalatidha, lan liya-liyane dirakit nganggo tembang iki. Aturan-aturan iku ana ing:
- Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (basa Indonesia: bait).
- Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.
- Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.
Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:
- Maskumambang. Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadhon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadhon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.
Gereng-gereng Gathotkaca sru anangis (12 i)
Sambaté mlas arsa (6 a)
Luhnya marawayan mili (8 i)
Gung tinamêng astanira (8 a)
- Mijil. Ateges wis lair lan jelas priya utawa wanita
Mijil ing donya siniwi ratri (10 i)
Kabeh durung katon (6 o)
Amung anjali soca ing tembé (10 é)
Lelaku alon siniji-siji (10 i)
Nunggu mring wartaning (6 i)
Sesotya satuhu (6 u)
- Sinom. Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.
Ing pojok wetan sang surya (8 a)
Nyungging sinom dadi peni (8 i)
Kagubet embun rumeksa (8 a)
Dening Hyang Murbeng Dumadi (8 i)
Raga jiniret ati (7 i)
Seka perbawaning esuk (8 u)
Manuksma suluk angga (7 a)
Kang wang-sinawang mranani (8 i)
Tibane prana sarwa sulih prasaja (12 a)
- Kinanthi. Saka tembung kanthi utawa tuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.
Pitik tulak pitik tukung (8 u)
Tetulake Jabang bayi (8 i)
Ngedohaken cacing racak (8 a)
Sarap sawane sumingkir (8 i)
Si tulak manggung ing ngarso (8 o)
Si Tukung ngadhangi margi (8 i)
- Asmarandana. Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.
Aja turu soré kaki (8 i)
Ana Déwa nganglang jagad (8 a)
Nyangking bokor kencanané (8 é)
Isine donga tetulak (8 a)
Sandhang kelawan pangan (7 a)
Yaiku bagéyanipun (8 u)
wong welek sabar narima (8 a)
- Gambuh. Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk njur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.
Sekar gambuh ping catur (7 u)
Kang cinatur polah kang kalantur (10 u)
Tanpa tutur katula-tula katali (12 u)
Kadaluwarso katutur (8 u)
Katutuh pan dadi awon (8 o)
- Dhandhanggula. Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan / kulawarga, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.
Yogyanira kang para prajurit (10 i)
lamun bisa sira anuladha (10 a)
duk ing uni caritane (8 é )
andelira sang prabu (7 u)
Sasrabahu ing Maespati (9 i)
aran patih Suwanda (7 a)
lelabuhanipun (6 u)
kang ginelung tri prakara (8 a)
guna kaya purun ingkang den antepi (12 i)
nuhoni trah utama (7 a)
- Durma. Saka tembung darma / wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma / wèwèh marang sapadha - padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.
Kae manungsa golek upa angkara (12 a)
Sesingidan mawuni (7 i)
ngGawa bandha donya (6 a)
mBuwang rasa agama (7 a)
Nyingkiri sesanti ati (8 i)
Tan wedi dosa (5 a)
Tan eling bakal mati (7 i)
- Pangkur. Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.
Sekar Pangkur kang winarna (8 a)
lelabuhan kang kanggo wong aurip (11 i)
ala lan becik puniku (8 u)
prayoga kawruhana (7 a)
adat waton puniku dipun kadulu (12 u)
miwa ingkang tatakrama (8 a)
den keesthi siyang ratri (8 i)
- Megatruh. Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.
Sigra milir kang gèthèk sinangga bajul (12 u)
Kawan dasa kang njagèni (8 i)
Ing ngarsa miwah ing pungkur (8 u)
Tanapi ing kanan kéring (8 i)
Kang gèthèk lampahnya alon (8 o)
- Pucung. Yen wis dadi layon / mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.
Ngelmu iku kelakone kanthi laku (12 u)
Lekase lawan kas (6 a)
Tegese kas nyantosani (8 i)
setya budya pangekesing dur angkara (12 a)