Kamis, 03 November 2011

WAWANCARA


          Wawancara yaiku golek informasi saka wong liya kang diarani narasumber.
Babagan kang kudu digatekake sadurunge nindakake wawancara yaiku ;
1.     Nemtokake topik wawancara
2.     Nemtokake tujuane (informasi apa kang pengen digoleki)
3.     Nyiapake pitakon-pitakon
4.     Nemtokake sapa narasumber
5.     Gawe janji karo narasumber, kapan lan ana ing ngendi anggone ketemu kanggo wawancara (amrihe becike iku manut narasumber)
Nalika wawancara kudu nggatekake babagan ;
1.     Miwiti wawancara kanthi trep
2.     Nganggo basa kang trep
3.     Dilakoni kanthi santai (ora nggekeng)
4.     Menawa pengen valid kudu nggunakake alat perekam
5.     Pandelenge tumuju marang narasumber
6.     Aja menehi pitakon kang wangsulane ya utawa ora
7.     Mungkasi wawancara kanthi ngaturake panuwun amarga narasumber wis menehi informasi.

0 komentar:

Posting Komentar